28 Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam: “Kalepatan kula punapa dhateng panjenengan, dene ngantos panjenengan gebagi rambah kaping tiga punika?”
29 Calathune Bileam marang kuldine: “Marga aku kokgawe geguyon, saupama aku nyekela pedhang, masthi kowe dakpateni saiki uga.”
30 Pangucape kuldi marang Bileam: “Kula punika rak kuldi titihan panjenengan ing salaminipun sugeng panjenengan ngantos dumugi sapunika; punapa kula nate nandukaken ingkang makaten punika dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Ora.”
31 Pangeran Yehuwah banjur damel awasing pandelenge Bileam, temah weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing dalan klawan ngasta pedhang ligan. Bileam tumuli jengkeng sujud ana ing ngarsane.
32 Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Yagene sira nggitiki kuldinira nganti rambah ping telu? Lah, anggoningSun miyos iki dadi mungsuhira, marga tumrap Ingsun dalan iki anjog ing karusakan.
33 Nalika kuldi iki ndeleng Ingsun, nyimpang saka ing ngarsaningSun nganti rambah ping telu; yen ajaa nyimpang saka ing ngarsaningSun, masthi ing nalika iku uga sira kang Sunpateni, lan kuldinira Sunuripi.”
34 Unjuke Bileam marang Sang Malaekate Pangeran Yehuwah: “Kawula damel dosa, awit kawula boten sumerep bilih Paduka nyegati lampah kawula wonten ing margi punika. Wondene ing sapunika, manawi Paduka boten marengaken, kawula inggih badhe wangsul kemawon.”