32 Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Yagene sira nggitiki kuldinira nganti rambah ping telu? Lah, anggoningSun miyos iki dadi mungsuhira, marga tumrap Ingsun dalan iki anjog ing karusakan.
33 Nalika kuldi iki ndeleng Ingsun, nyimpang saka ing ngarsaningSun nganti rambah ping telu; yen ajaa nyimpang saka ing ngarsaningSun, masthi ing nalika iku uga sira kang Sunpateni, lan kuldinira Sunuripi.”
34 Unjuke Bileam marang Sang Malaekate Pangeran Yehuwah: “Kawula damel dosa, awit kawula boten sumerep bilih Paduka nyegati lampah kawula wonten ing margi punika. Wondene ing sapunika, manawi Paduka boten marengaken, kawula inggih badhe wangsul kemawon.”
35 Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Sira melua wong iku, nanging kang sira ucapake ngamungna apa kang bakal Sunpangandikakake marang sira.” Sawuse mangkono Bileam banjur melu panggedhe abdine Balak mau.
36 Anadene Sang Prabu Balak bareng miyarsa yen Bileam teka, banjur tedhak methuk tekan ing kutha Moab, kang kaprenah ana ing tapel-watese kali Arnon, ing poncoting tapel-wates iku.
37 Pangandikane Sang Prabu Balak marang Bileam: “Apa ora klawan adreng anggonku utusan nimbali kowe, yagene kowe kok ora enggal-enggal seba marang ing ngarsaku? Apa pangiramu aku ora bisa maringi pituwas marang kowe?”
38 Atur wangsulane Bileam marang Sang Prabu Balak: “Lah sapunika kawula sampun sowan wonten ing ngarsa panjenengan dalem, nanging punapa inggih dalem badhe saged ngucapaken punapa-punapa? Namung pangandika ingkang badhe dipun paringaken ing cangkemipun dalem dening Gusti Allah, punika ingkang badhe dalem ucapaken.”