9 Gusti Allah banjur ngrawuhi Bileam sarta ngandika: “Wong-wong kang padha ana ing omahira iku sapa?”
10 Unjuk wangsulane Bileam: “Sang Prabu Balak bin Zipor, ratunipun bangsa Moab, kengkenan manggihi kawula, piwelingipun makaten:
11 Lah ana sawijining bangsa teka saka ing tanah Mesir ngebeki salumahe bumi, mulane kowe mrenea, bangsa iku ipat-ipatana, bokmanawa nuli bisa dakkalahake lan kena daktundhung.”
12 Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku; bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah.”
13 Bareng wayah esuk Bileam tangi, lan nuli calathu marang para panggedhene abdine Sang Prabu Balak: “Panjenengan sami kula aturi wangsul, awit Pangeran Yehuwah boten marengaken kula ndherek panjenengan.”
14 Para panggedhe Moab mau banjur padha bali, lan bareng wus ana ing ngarsane Sang Prabu Balak, padha munjuk: “Bileam boten purun tumut lampah kawula mriki.”
15 Sang Prabu Balak banjur utusan para panggedhe maneh, cacahe luwih akeh lan luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kang dhisik.