Wilangan 23:13-19 JAV

13 Sang Prabu Balak tumuli ngandika marang Bileam: “Payo, kowe melua aku menyang panggonan liyane, saka ing kono kowe bisa nyawang bangsa iku; kang katon iku mung pungkasaning palerebane bae, ora katon sakabehe; nuli aku tulungana, ipat-ipatana bangsa iku saka kono.”

14 Bileam banjur dibekta menyang ing Ara-ara Panelikan, ing pucake gunung Pisga; Sang Prabu Balak tumuli yasa misbyah pitu, lan ing saben misbyah kakurbanake sapi lanang nom siji sarta wedhus gibas lanang siji.

15 Bileam banjur matur marang Sang Prabu Balak: “Panjenengan dalem kawula aturi jumeneng wonten ing sacelakipun kurban obaran dalem, dene kawula badhe kesah mriku, sowan ing ngarsaning Yehuwah!”

16 Sang Yehuwah tumuli manggihi Bileam, sarta cangkeme diiseni tembung, tuwin dipangandikani: “Sira balia menyang ngarepe Balak, lan ngucapa kaya mangkono iku.”

17 Satekane ing ngarsane Sang Prabu Balak, lah Sang Nata isih jumeneng sandhing kurbane obaran, bebarengan karo para panggedhene bangsa Moab. Sang Prabu Balak banjur ngandika marang Bileam: “Pangandikane Pangeran Yehuwah kapriye?”

18 Bileam banjur medharake kidung, pangucape:“Dhuh Sang Prabu Balak, sumangga kawula aturi jumenengsaha karsaa miyarsakaken; dhuh putranipun Sang Zipor,sumangga kawula aturi nilingaken dhateng atur kawula.

19 Gusti Allah punika sanes manungsa, kok ngantosa dora,inggih sanes anaking manungsa, kok ngantosa keduwung.Punapa inggih Panjenenganipun ngandika lajeng boten katindakaken,utawi ngandika lajeng boten dipun tetepi?