18 Bileam banjur medharake kidung, pangucape:“Dhuh Sang Prabu Balak, sumangga kawula aturi jumenengsaha karsaa miyarsakaken; dhuh putranipun Sang Zipor,sumangga kawula aturi nilingaken dhateng atur kawula.
19 Gusti Allah punika sanes manungsa, kok ngantosa dora,inggih sanes anaking manungsa, kok ngantosa keduwung.Punapa inggih Panjenenganipun ngandika lajeng boten katindakaken,utawi ngandika lajeng boten dipun tetepi?
20 Kauningana, kula tampi dhawuh supados mberkahi,mangka manawi Panjenenganipun mberkahi, kawula masthi boten saged malik.
21 Tiyang boten sumerep dhateng kasangsaraning bani Yakub,lan boten saged ningali kasisahanipun tiyang Israel,margi tinunggil dening Pangeran Yehuwah Allahipun,sami surak-surak, margi Sang Nata wonten ing satengahipun.
22 Gusti Allah ingkang ngentasaken saking ing tanah Mesir,punika tumrap tiyang-tiyang wau kadosdene singat kakiyataning bantheng.
23 Awitdene boten wonten japa-mantra ingkang saged tumama dhateng Yakub,utawi tenung ingkang saged tumama dhateng Israel.Dumugi ing wekdalipun, Yakub badhe dipun cariyosi,makaten ugi dhateng Israel, kaelokan ingkang katindakaken dening Gusti Allah.
24 Lah satunggaling bangsa ingkang gumregah kados singa estri,ingkang ngadeg jejeg kados singa jaler,ingkang boten purun njerum, saderengipun nedha memangsanipunlan ngombe rahipun ingkang dipun pejahi.”