35 Iki turune Rama Efraim miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Sutelah iku bani Sutelah; kang saka Rama Bekher iku bani Bekher; kang saka Rama Tahan iku bani Tahan.
36 Dene turune Rama Sutelah, kang saka Rama Eran iku bani Eran.
37 Iku mau golongane bani Efraim, dene wonge kang padha kacacahake ana telung puluh loro ewu limang atus. Iku mau turune Rama Yusuf manut golongane.
38 Turune Rama Benyamin miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Bela iku bani Bela; kang saka Rama Asybel iku bani Asybel; kang saka Rama Ahiram iku bani Ahiram;
39 kang saka Rama Sefufam iku bani Sefufam; kang saka Rama Hufam iku bani Hufam;
40 Putrane Rama Bela iku Rama Ared lan Rama Naaman. Kang saka Rama Ared iku bani Ared lan kang saka Rama Naaman iku bani Naaman.
41 Iku mau golongane bani Benyamin, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana patang puluh lima ewu nem atus.