55 Ewasamono pangedume tanah iku kudu srana kaundhi; anggone padha tampa panduman mituruta jenenging talere leluhure.
56 Panduman duweke siji-sijining taler mesthi undha-usuk kehsathithike lan mituruta ing satibane undhi.”
57 Anadene bani Lewi kang kacacahake miturut golongane iku mangkene: kang saka Rama Gerson iku bani Gerson; kang saka Rama Kehat iku bani Kehat; kang saka Rama Merari iku bani Merari.
58 Iki golongane turune Rama Lewi: golongane bani Kehat, golongane bani Libni, golongane bani Hebron, golongane bani Makhli, golongane bani Musi lan golongane bani Korakh. Anadene Rama Kehat peputra Amram.
59 Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.
60 Imam Harun peputra Imam Nadab, Abihu, Eleazar lan Imam Itamar.
61 Nanging Imam Nadab lan Abihu iku seda nalika padha ngunjukake geni kang dudu mesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah.