2 padha seba marang ngarsane Nabi Musa lan Imam Eleazar, sarta ing ngarepe para panggedhe lan sapepake pasamuwan ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, sarta matur:
3 “Bapak kula sampun sami pejah wonten ing pasamunan, sanadyan boten tumut grombolanipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng Pangeran Yehuwah; inggih boten tumut grombolanipun Korakh; nanging anggenipun pejah margi saking dosanipun piyambak, mangka boten nilar anak jaler.
4 Kenging punapa dene bapa kula kedah sirna saking golonganipun, margi boten tilar anak jaler? Kula mugi sami kaparingana siti wonten ing antawisipun sadherekipun bapa kula.”
5 Nabi Musa banjur nglajengake prakara iku marang ngarsane Sang Yehuwah.
6 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
7 “Ature anak-anake Zelafehad iku bener; pancen sira wajib mandumi tanah ana ing antaraning para sadulure bapakne; warisan tinggalane bapakne iku kaeliha dadi duweke anake.
8 Karodene wong Israel iku padha sira dhawuhana mangkene: Manawa ana wong mati ora tinggal anak lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang anake wadon.