7 “Ature anak-anake Zelafehad iku bener; pancen sira wajib mandumi tanah ana ing antaraning para sadulure bapakne; warisan tinggalane bapakne iku kaeliha dadi duweke anake.
8 Karodene wong Israel iku padha sira dhawuhana mangkene: Manawa ana wong mati ora tinggal anak lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang anake wadon.
9 Lan saupama iya ora duwe anak wadon, warisan tinggalane padha kawenehna marang sadulure lanang.
10 Saupama iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane padha kawenehna marang sadulure lanang bapakne.
11 Lan saupama bapakne iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang sanake kang kaprenah cedhak dhewe saka antaraning golongane, supaya dadia duweke.”Mangkono iku kang kudu dadi wewatoning bebeneran kanggo marang wong Israel, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.
12 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung Abarim iki, nuli nyawanga marang tanah bakal peparingingSun marang wong Israel.
13 Dene sawuse sira sawang, banjur sira iya bakal kaklumpukake karo para leluhurira padha kaya kakangira Harun anggone wus kaklumpukake biyen.