13 awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”
14 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai:
15 “Wong bani Lewi iku padha cacahna miturut kula-wangsane lan miturut gotrahe; sakehe kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur, iku padha kacacahna kabeh.”
16 Nabi Musa banjur nacahake bani Lewi miturut pangandikane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan mau.
17 Iki asmane para putrane Rama Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.
18 Iki asmane putrane Rama Gerson miturut gotrahe: Libni lan Simei.
19 Para putrane Rama Kehat miturut gotrahe, yaiku: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.