6 “Taler Lewi padha dhawuhana maju lan ngadhep marang Imam Harun, supaya padha ngladenana.
7 Iku padha netepana kuwajibane kang tumrap marang Harun lan kanggo para umat Israel kabeh ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.
8 Iku padha rumeksaa marang sakehe pirantine Tarub Pasewakan, sarta padha netepana kuwajibane kang tumrap marang wong Israel, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.
9 Wong-wong Lewi iku padha kapasrahna marang Harun lan para anake; saka ing antarane wong Israel wong-wong mau padha kapasrahna babar pisan marang Harun.
10 Dene mungguh Harun lan anak-anake iku sira pataha ngimami, dene wong liya kang nyedhak kaukuma pati.”
11 Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:
12 “Lah Ingsun kang mundhut wong Lewi saka ing satengahe wong Israel, kagawe gantine sakehe anake pambarep, kang lair saka ing guwagarba; wong Lewi iku padha dadia kagunganingSun,