1 Nabi Musa ngandika marang para pemimpine talere Israel mangkene: “Iki prakara kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.
2 Manawa ana wong lanang nglairake punagi utawa nglairake sumpah marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara, mulane aja nganti nerak janjine; apa kang wus diucapake iku kudu ditetepi.
3 Balik manawa wong wadon kang nglairake punagi marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara ana ing omahe bapakne, yaiku sajrone isih prawan.
4 Mangka bapakne mau krungu punagine lan janjine, nanging bapakne mau ora kandha apa-apa marang anake mau; manawa mangkono apa sapunagine kabeh mesthi tetep lan apa bae kang dadi janjine iya mesthi tetep.