12 Balik saupama bojone nalika krungu mau tumuli mbatalake prakara iku kalawan keras, apa kang wus diucapake dening kang wadon, iya punagine iya kasaguhane iku batal, wus dibatalake dening bojone, sarta kang wadon bakal diapura dening Pangeran Yehuwah.
13 Sadhengah punagine wong wadon lan sadhengah janjine kalawan sumpah, arep ngesorake awake kalawan pasa, iku bojone kang wenang netepake, lan iya bojone kang wenang mbatalake.
14 Nanging manawa bojone sadina-dina mung tansah meneng bae, iku dadine wus netepake sakehe punagine kang wadon, utawa sakehe kasaguhane kang dadi sanggane kang wadon mau. Anggone netepake iku, marga nalika krungu bab iku meneng bae.
15 Nanging manawa anggone mbatalake mau let sawatara dina karo krungune, kang lanang kang bakal nyangga kaluputane kang wadon.”
16 Iku mau pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, yaiku ing antarane wong lanang lan somahe, sarta ing antarane bapa karo anake wadon kang isih prawan ana ing omahe bapakne.