18 mung sakehe bocah wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang iku padha uripana kanggo kowe.
19 Nanging kowe iku padha manggona ana ing sajabane pakemahan lawase pitung dina; sapa kang wus mateni wong lan sapa kang nggepok jisime kang mentas dipateni, iku mbirata najise ing dinane kang katelu, lan ing pitung dinane, kowe dhewe lan para wong bandhanganmu.
20 Karomaneh sarupane sandhangan lan sarupane dandanan lulang sarta sabarang gegawean saka wulu wedhus, apadene sakehe piranti kayu iku kudu kabirat najise.”
21 Imam Eleazar banjur ngandika marang bala kang mentas padha nglurug perang mau: “Iki pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa:
22 Mung barang-barang mas, salaka, tembaga, wesi, timah putih lan timbel,
23 samubarang kang tahan geni, iku kaobonga, supaya birat najise. Ewadene iya isih prelu kabirat najise sarana banyu pambirating najis; nanging samubarang kang ora bisa tahan ing geni iku celupna ing banyu.
24 Apamaneh kowe padha ngumbaha sandhanganmu ing dinane kang kaping pitu, temah bakal birat najismu, sawuse mangkono kowe padha kena lumebu ing palereban.”