9 Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;
10 dene kutha sawewengkone lan sakehe tarub-tarube padha diobongi.
11 Sakehe rayahan lan bandhangan rupa manungsa lan kewan mau padha digawani.
12 Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.
13 Nabi Musa lan Imam Eleazar sarta sakehe para pemimpine umat banjur padha tindak mapag nganti tekan ing sajabane palereban.
14 Nabi Musa tumuli duka banget marang para panggedhening wadyabala, para panewu lan panatus kang padha mulih saka ing paprangan;
15 pangandikane Nabi Musa marang wong-wong iku: “Apa wonge wadon padha kokuripi kabeh?