10 Ing nalika samana bebendune Sang Yehuwah banjur mulad-mulad sarta Panjenengane ngandika klawan sumpah:
11 Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,
12 kajaba mung Kaleb bin Yefune wong Kenas lan Yusak bin Nun, marga sakarone iku padha mbangun turut marang Yehuwah.
13 Kaya mangkono iku njalari mulad-mulading bebendune Pangeran Yehuwah marang Israel, sarta padha digawe nglambrang ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, nganti saenteke wong-wong kang padha nglakoni ala ana ing paningale Sang Yehuwah.
14 Mangka saiki kowe padha madeg nggenteni bapak-bapakmu, sawijining grombolan wong dosa, arep padha muwuhi bentering bebendune Pangeran Yehuwah marang wong Israel iku.
15 Manawa kowe padha nyingkur marang Panjenengane, masthi bakal ditilar luwih suwe ana pasamunan, dadi kowe kang padha njalari rusake bangsa iki kabeh.”
16 Ing kono wong-wong mau tumuli padha nyedhak Nabi Musa sarta matur: “Kula sami badhe damel kandhang-kandhang menda wonten ngriki kangge raja-kaya kula, sarta kitha-kitha kangge anak-anak kula;