20 Pangandikane Nabi Musa marang wong-wong mau: “Manawa kowe padha arep nglakoni mangkono, padha arep samekta ing perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah,
21 lan kowe kabeh, sawuse sikep gegaman banjur padha arep nyabrang ing bengawan Yarden ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti tumeka mungsuhe wus padha katundhung dening Panjenengane saka ing ngarsane,
22 satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
23 Balik manawa kowe padha ora nglakoni kaya mangkono, dadi kowe nyata-nyata padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, sarta kowe bakal padha ngrasakake yen dosamu iku masthi bakal nempuh marang kowe.
24 Kang iku iya wus padha gawea kutha-kutha kanggo anak-anakmu lan kandhang-kandhang kanggo wedhusmu, dene apa kang wus kokucapake iku padha lakonana.”
25 Bani Gad lan bani Ruben banjur padha matur marang Nabi Masa: “Ingkang abdi sami badhe nglampahi punapa ingkang dados dhawuh panjenengan.
26 Anak semah kula kaliyan raja-kaya kula saha kewan gadhahan kula sadaya badhe kantun wonten ing ngriki, ing kitha-kithanipun tanah Gilead,