28 Nabi Musa tumuli ngundhangake bab ing ngatase wong-wong mau marang Imam Eleazar lan marang Yusak bin Nun sarta marang para pemimpining golongane talere Israel.
29 Pangandikane marang wong-wong iku: “Manawa bani Gad lan bani Ruben wus padha melu kowe nyabrang ing bengawan Yarden, prelu nglurug perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku kabeh wong kang sikep gegamaning perang, sarta manawa tanah iku wus teluk marang kowe, tanah Gilead iki kudu kokwenehake minangka duweke,
30 nanging manawa padha ora melu kowe nyabrang klawan sikep gegaman, padha kapandumana tanah minangka darbeke ana ing antaramu ana ing tanah Kanaan.”
31 Bani Gad lan bani Ruben banjur padha mangsuli, ature: “Punapa ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah dhateng ingkang abdi sadaya, punika badhe sami kula estokaken.
32 Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”
33 Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.
34 Bani Gad banjur padha mbangun kutha Dibon, Atarot lan Aroer;