6 Nanging pangandikane Nabi Musa marang bani Gad lan marang bani Ruben: “Mangsa ta, sadulurmu padha perang, kowe kok padha arep kari ana ing kene?
7 Yagene kowe kok arep gawe nglokroning atine wong Israel nganti padha wegah nyabrang menyang tanah peparinge Sang Yehuwah marang wong-wong iku?
8 Kaya mangkono iku uga kang ditindakake dening para leluhurmu, nalika padha dakkongkon saka ing Kadesy-Barnea nelik tanah iku,
9 bareng wus padha tekan ing lebak Eskol, sarta wus ndeleng tanahe, nuli padha gawe nglokroning atine wong Israel, temah padha wegah menyang ing tanah peparinge Sang Yehuwah marang para umate.
10 Ing nalika samana bebendune Sang Yehuwah banjur mulad-mulad sarta Panjenengane ngandika klawan sumpah:
11 Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,
12 kajaba mung Kaleb bin Yefune wong Kenas lan Yusak bin Nun, marga sakarone iku padha mbangun turut marang Yehuwah.