52 wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.
53 Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.
54 Anadene anggonira mbage-mbage tanah iku kang banjur dadi tanah pusakanira iku nganggoa kaundhi, miturut golonganira: golongan kang gedhe, iku kapandumana akeh, lan kang cilik iku pandumane iya sathithik, miturut undhiane; pangedume miturut talering para leluhurira.
55 Nanging manawa sira padha ora nundhungi wong bumi ing tanah iku saka ing ngarepira, masthi sapira panunggalane kang kari iku bakal padha dadi klilip ana ing mripatira, kaya eri kang nancep ing awakira, sarta bakal padha gawe susahira ana ing tanah kang sira enggoni iku.
56 Ingsun bakal nandukake marang sira, apa kang dadi rancanganingSun kang arep Suntandukake marang para bangsa iku.”