5 Ing kono Nabi Musa tumuli dhawuh marang wong Israel miturut pangandikane Sang Yehuwah, mangkene: “Bener ature taler bani Yusuf iki.
6 Iki kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah ing ngatase para anake wadon Zelafehad, mangkene surasane: Kareben padha omah-omah karo sapa bae kang seneng, anggere padha oleh sisihan panunggalane talere bapakne;
7 aja nganti ana panduman darbeke wong Israel ngalih saka ing taler siji marang taler sijine. Wong Israel iku siji-sijine padha ngukuhana kang dadi pandumane talere leluhure.
8 Kang iku saben anak wadon panunggalane sadhengah talere wong Israel kang tampa warisan lemah pusaka, kudu omah-omah karo wong panunggalane talere bapakne, supaya saben wong Israel tetepa ndarbeni kang dadi pandumane para leluhure.
9 Sabab panduman lemah iku ora kena ngalih saka ing taler siji marang taler sijine; nanging siji-sijining talere wong Israel iku ngukuhana marang lemah pandumane dhewe.”
10 Anadene anak-anake wadon Zelafehad iku padha ngestokake apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau;
11 Makhla, Tirza, Hogla, Milka lan Noa anak-anake wadon Zelafehad, padha omah-omah karo nakdulure saka bapakne,