7 aja nganti ana panduman darbeke wong Israel ngalih saka ing taler siji marang taler sijine. Wong Israel iku siji-sijine padha ngukuhana kang dadi pandumane talere leluhure.
8 Kang iku saben anak wadon panunggalane sadhengah talere wong Israel kang tampa warisan lemah pusaka, kudu omah-omah karo wong panunggalane talere bapakne, supaya saben wong Israel tetepa ndarbeni kang dadi pandumane para leluhure.
9 Sabab panduman lemah iku ora kena ngalih saka ing taler siji marang taler sijine; nanging siji-sijining talere wong Israel iku ngukuhana marang lemah pandumane dhewe.”
10 Anadene anak-anake wadon Zelafehad iku padha ngestokake apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau;
11 Makhla, Tirza, Hogla, Milka lan Noa anak-anake wadon Zelafehad, padha omah-omah karo nakdulure saka bapakne,
12 padha dadi somahe wong lanang panunggalane turune Rama Manasye putrane Sang Yusuf, temahan lemah pusakane tetep ana ing pamengkune talering leluhure.
13 Iku mau wewaton lan pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel lantaran Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.