28 Iku mau kang dadi bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan, sarta anggone padha nyambutgawe iku kapimpina dening Itamar anake Imam Harun.
29 Para wong Merari kacacahna miturut gotrahe lan kula-wangsane,
30 kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, iku kaetunga, yaiku saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.
31 Kang dadi bubuhane kang magepokan karo sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan: ngusungi blabag-blabag Tarub Suci, palang-palange, cagak-cagake, ompake,
32 cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.
33 Iku mau bubuhane gotrah-gotrahe para bani Merari, yaiku sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan, kang dadi pemimpine Itamar anake Imam Harun.”
34 Kaya mangkono Nabi Musa lan Rama Harun dalah para pemimpine umat Israel anggone padha nacahake para bani Kehat miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,