8 Iku banjur kalurubana jarit jingga, banjur ditutupana lulang dhuyung, sawuse mangkono kaetrapana pikulane.
9 Karomaneh padha njupuka jarit wungu tuwa kagawea nutupi padamaran dalah damare, sapit-sapite lan tadhah-tadhahe langes, apadene sakehe wadhah lenga kang kanggo kaperluaning padamaran iku.
10 Padamaran sapirantine kabeh mau tumuli katumpangana ing lulang dhuyung, sarta kaselehna ing amben-ambenane kang kanggo ngusung.
11 Misbyahe mas dilurubana jarit wungu tuwa, dikrukubana lulang dhuyung, sarta dietrapana ing pikulaning misbyah iku.
12 Karomaneh padha njupuka sakehing piranti kang kanggo leladen pangibadah ing pasucen, padha kadekekna ing jarit wungu tuwa, kalarabana lulang dhuyung, banjur kaselehna ing amben-ambenan.
13 Awu ing misbyah karesikana, tumuli kalarabana jarit wungu nom,
14 ing sadhuwure katumpangna sakehe piranti kang kanggo ing gawe, yaiku: anglo, porok, sarta sorok, bokor panyiraman apadene sakehe pirantining misbyah, banjur dilarabana lulang dhuyung, sawuse iku kaetrapana ing pikulaning misbyah.