14 saupama kang lanang banjur kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa marang kang wadon, mangka wong wadon mau dhasar nyata wus gawe kuceme awake, utawa manawa kang lanang katuwuhan rasa sujana, nganti ndakwa kang wadon, sanadyan kang wadon mau ora gawe kuceming awake,
15 ing kono wong lanang mau tumuli ngladekna somahe marang ngarepe imam. Lan wong iku kudu nggawa kurban marga saka kang wadon iku, arupa glepung sair saprasepuluh efa, aja nganggo diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awitdene iku kurban dhaharan kasujanan, iya kurban pangeling-eling marang kaluputan.
16 Imam tumuli ngakona wong wadon iku maju, disebakna ing ngarsane Sang Yehuwah.
17 Imam tumuli nggawaa banyu suci diwadhahi genthong lemah, sarta njupuka lebu kang ana ing jrambahe Tarub Suci, dicemplungna ing banyu mau.
18 Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.
19 Wong wadon mau disumpaha dening imam kalawan ngucapna: Manawa nyata kowe ora ditunggal turu dening wong lanang liya, lan ora laku ngiwa, -- awit kowe iku kawengku dening bojomu, -- kowe kalisa ing banyu pait kang malati iki;
20 balik manawa kowe nyata laku sedheng, temah ndadekake jembermu, marga ditunggal turu dening wong lanang liya; -- mangka kowe iku kawengku ing bojomu --