23 Imam banjur nulisa ipat-ipat iku mau ana ing dluwang lan banjur ngilangana tulisan iku klawan banyu pait iku,
24 banyu pait kang nekakake walat iku banjur diombekna marang wong wadon mau, sarta banyu iku bakal lumebu ing awake lan njalari wong mau banjur lara banget.
25 Imam banjur njupuka kurbane dhaharan kasujanan saka ing tangane wong wadon mau, sarta kagoyanga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan kagawaa menyang ing misbyah.
26 Kurban dhaharan mau dijupuka sagegem dening imam minangka pisungsung pangeling-eling lan diobonga ana ing misbyah, sawuse mangkono banyune tumuli kaombekna marang wong wadon iku.
27 Sawuse mangkono, manawa wong wadon iku nyata jember lan ora setya marang bojone, mesthi banjur kelakon banyu kang malati mau bakal manjing ing awake, sarta njalari lara banget, temah wetenge dadi busung lan pupune dadi cilik. Sabanjure wong wadon iku bakal nandhang ipat-ipat ana ing satengahing bangsane.
28 Balik manawa wong wadon iku ora gawe kuceming awake, nanging resik, mesthi bakal kalis lan bakal duwe anak.”
29 Kaya mangkono angger-angger tumrap kasujanan, manawa ana wong wadon kang laku sedheng lan gawe jembering awake, mangka kawengku ing bojone,