4 Wong Israel banjur iya padha nglakoni kaya mangkono, wong-wong mau padha diwetokake saka ing palereban; apa sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake dening wong Israel.
5 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
6 “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong lanang utawa wong wadon, nglakoni dosa marang pepadhane, lan marga saka iku ngowahi kasetyane marang Pangeran Yehuwah, temah wong mau nandhang kaluputan,
7 iku ngakonana dosane kang wus dilakoni mau, banjur mbayara tebusane kabeh kawuwuhana sapralimane, kawenehna marang wong kang ditanduki kaluputan.
8 Nanging saupama wong iku wus ora duwe sanak kang wajib nampani tebusaning kaluputan mau, ing kono tebusan kaluputan kang kudu kabayar iku dadi kagungane Sang Yehuwah, lan dadi pandumaning imam; iku durung kalebu wedhus gibas lanang karukunan kang dianggo nganakake karukunan tumrap wong mau.
9 Mungguh pisungsung-pisungsung suci kang kapasrahake wong Israel marang imam iku, pisungsunge mligi dadia pandumaning imam.
10 Dene pisungsung suci, kang digawa dening wong, iku pandumane wong iku dhewe; mung apa kang kawenehake dening wong marang imam, iku dadi pandumane imam iku.”