Wilangan 6:15-21 JAV

15 karomaneh roti tanpa ragi sacething, yaiku roti bunder kang glepunge pilihan, pangolahe nganggo lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, kanthi kurban dhaharan lan kurban-kurban unjukan.

16 Iku mau kabeh banjur kasaosna dening imam marang ing ngarsaning Yehuwah sarta imam iku nuli nyawisna kurban pangruwating dosa lan kurban obaran mau;

17 wedhuse gembel lanang mau iya dicawisna minangka kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah kanthi roti tanpa ragi sacething mau; karodene kurbane dhaharan lan kurbane unjukan iya dicawisna dening imam.

18 Wong nazir mau tumuli nyukura rambuting kanazirane ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan; rambute kanaziran iku banjur dikukupa lan kacemplungna ing geni kang ana ing ngisore kurban slametan.

19 Sawuse mangkono imam njupuka sampile wedhus lanang kang ngarep, kang wus kaolah, karo roti bunder siji tanpa ragi saka ing cething lan roti tipis tanpa ragi, padha katumpangna ing epek-epeke wong nazir kang wus nyukur rambuting kanazirane;

20 iku kabeh tumuli digoyangna dening imam dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Yehuwah; iku kabeh dadi panduman suci kanggo imam kanthi andhemane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi. Sawuse mangkono, wong nazir mau lagi kena ngombe anggur.”

21 Iku mau angger-angger tumrap wong nazir kang duwe punagi bakal ngunjukake pisungsunge marang Sang Yehuwah adhedhasar kanazirane, iku durung kapetung pisungsung kang wong mau bisa nyaosake, kajaba iku mau. Kaya kang dadi punagine kang wus dilairake, iya mangkonoa anggone nglakoni adhedhasar angger-anggering kanazirane.