14 Kaya mangkono anggonira nucekake para wong Lewi saka ing tengahe wong Israel, supaya padha dadia kagunganingSun.
15 Sawuse mangkono wong Lewi lagi kena lumebu nindakake ayahan ana ing Tarub Pasewakan, yaiku samangsa wus padha sira sucekake lan sira goyang dadi pisungsung goyangan.
16 Awitdene kudu padha kasaosake babar pisan marang Ingsun saka ing satengahe wong Israel; minangka lirune sadhengaha kang lair dhisik, iya liruning sakehe pambarepe wong Israel, iku wus padha Sunpundhut kagem Ingsun.
17 Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.
18 Jalaran saka iku wong Lewi padha Sunpundhut dadi lirune sakehe pambarep kang ana ing satengahe wong Israel,
19 lan wong Lewi mau padha Sunpasrahake saka ing satengahe wong Israel minangka peparing marang Harun lan para anake, supaya padha nindakna sakehe ayahane wong Israel ana ing Tarub Pasewakan, lan padha nganakna karukunan kanggo wong Israel, supaya wong Israel aja nganti kena wewelak samangsa padha nyedhaki marang pasucen.”
20 Anadene Nabi Musa lan Rama Harun sarta sapasamuwane wong Israel kabeh tumuli padha nindakake mangkono marang para wong Lewi; dene wong Israel iya padha nindakake ceples kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Lewi mau.