17 Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.
18 Jalaran saka iku wong Lewi padha Sunpundhut dadi lirune sakehe pambarep kang ana ing satengahe wong Israel,
19 lan wong Lewi mau padha Sunpasrahake saka ing satengahe wong Israel minangka peparing marang Harun lan para anake, supaya padha nindakna sakehe ayahane wong Israel ana ing Tarub Pasewakan, lan padha nganakna karukunan kanggo wong Israel, supaya wong Israel aja nganti kena wewelak samangsa padha nyedhaki marang pasucen.”
20 Anadene Nabi Musa lan Rama Harun sarta sapasamuwane wong Israel kabeh tumuli padha nindakake mangkono marang para wong Lewi; dene wong Israel iya padha nindakake ceples kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Lewi mau.
21 Wong Lewi padha mbirat dosane lan ngumbahi sandhangane, banjur padha digoyang dening Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawuse mangkono Rama Harun nganakake pirukun kanggo wong-wong mau supaya padha birat najise.
22 Sarampunge iku wong Lewi padha lumebu, nindakake ayahane ana ing Tarub Pasewakan, lan dadi reh-rehane Rama Harun lan para putrane. Kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa ing ngatase wong Lewi, iya kaya mangkono kang kaetrapake marang wong-wong mau.
23 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa, mangkene: