5 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
6 “Wong Lewi iku padha sira ajokna saka ing tengahe wong Israel sarta padha sira sucekna.
7 Dene anggonira nucekake iku patrape mangkene: Padha sira kepyurana banyu pambirating dosa; banjur cukura badan sakojur lan padha ngumbaha sandhangane, tumuli padha dadi suci.
8 Sawuse mangkono tumuli padha njupuka sapi lanang nom siji, karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan, diwori lenga, lan sira njupuka sapi lanang nom siji engkas kanggo kurban pangruwating dosa.
9 Wong Lewi banjur sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan; sarta sira dhawuha marang sapasamuwane wong Israel kabeh supaya padha nglumpuk.
10 Wong Lewi iku nuli padha sira ajokna menyang ing ngarsane Yehuwah, lan wong Israel padha numpangna tangane marang wong Lewi iku;
11 karodene wong Lewi iku padha digoyanga dening Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah saka wong Israel, supaya padha nindakna bubuhane nglakoni ayahane Sang Yehuwah.