1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan Sinai, ing sasi kapisan taun kang kapindho sawetune saka ing tanah Mesir:
2 “Wong Israel padha ngriyayakna Paskah ing wektu kang wus katemtokake,
3 ing sasi iki tanggal kaping patbelas, ing wayah sore, ing wektu kang wus katemtokake; anggone ngriyayakake mituruta sakehe katetepan lan pranatane.”
4 Nabi Musa tumuli ndhawuhi wong Israel supaya padha ngriyayakake Paskah;