10 Nalika samana umat kabeh kumpul ana ing jaba padha sembahyang ing wektu pangobonging dupa.
11 Imam Zakharia banjur dikatingali malaekating Pangeran, jumeneng ing satengahing misbyah padupan.
12 Imam Zakharia bareng weruh kaget lan wedi.
13 Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.
14 Iku bakal ndadekake bungah lan renamu, apadene akeh wong kang bakal bungah marga saka laire bocah mau.
15 Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.
16 Apadene bakal njalari akeh wong Israel padha mratobat marang Pangeran, Allahe,