1 Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”
2 Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe padha ndedonga, padha munjuka mangkene:Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucekna;Kraton paduka mugi rawuha.
3 Kawula mugi kaparingana rejeki kawula ing saben dintenipun ing sacekapipun.
4 Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”
5 Banjur padha dipangandikani maneh mangkene: “Manawa panunggalanmu ing wayah tengah wengi menyang ing omahe mitrane lan kandha: Sadulur, bok aku kokutangi roti telu bae.
6 Sabab ana mitraku kang lelungan mampir ing omahku, mangka aku ora duwe apa-apa, kang kena daksuguhake;
7 apa iya sing ana ing sajroning omah bakal mangsuli: Aja ngribedi aku, ta, lawange wis dakkancing, aku lan anak-anakku wis padha mapan turu, aku ora bisa tangi menehi kowe.
8 Aku pitutur marang kowe: Sanadyan oraa tangi lan menehi, marga iku mitrane, nanging marga saka anggone ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi uga, menehi apa kang dibutuhake.
9 Mulane aku pitutur ing kowe: Nyenyuwuna, temah bakal kaparingan; padha ngupayaa, temah bakal oleh, padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.
10 Amarga saben wong kang nyenyuwun, bakal tampa, lan kang golek, bakal oleh, tuwin kang thothok-thothok, iku bakal kawenganan.
11 Sapa ta panunggalanmu kang jeneng bapa, manawa dijaluki iwak anake, bakal menehi ula, kanggo ijole iwak?
12 Utawa, manawa njaluk endhog, apa iya banjur diwenehi kalajengking?
13 Dadi, yen kowe, sanadyan ala, padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, apamaneh Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun.”
14 Ing sawijining dina Gusti Yesus nundhung dhemit kang marakake bisu marang wong. Bareng dhemite wis metu, wonge bisa calathu. Wong akeh padha kaeraman.
15 Nanging ana saweneh kang padha ngucap mangkene: “Anggone nundhung dhemit iku nganggo panguwasane Beelzebul panggedhening para dhemit.”
16 Lan ana maneh kang padha nyoba marang Gusti Yesus, nyuwun pratandha saka ing swarga.
17 Nanging Gusti Yesus ora kekilapan marang pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Saben krajan kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargane padha dredah, mesthi rusak.
18 Manawa Iblis iku uga dredah karo awake dhewe, kapriye bisane tulus krajane?
19 Dadi, yen Aku nundhung dhemit iku nganggo panguwasane Beelzebul, para muridmu anggone nundhung nganggo panguwasane sapa? Mulane iya iku kang bakal padha njeksani kowe.
20 Nanging manawa Aku nundhung dhemit nganggo panguwasaning Allah, dadine Kratoning Allah wis nekani kowe.
21 Manawa ana wong kang rosa sarta sikep gegaman ganep ngreksa bale omahe dhewe, barang darbeke bakal slamet.
22 Nanging manawa katekan wong kang luwih rosa sarta banjur ditempuh lan dikalahake, kabeh gegamane kang diandelake bakal dirampas, la barang darbeke bakal diedum-edum dadi jarahan.
23 Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.”
24 “Samangsa dhemit iku wis metu saka ing wong, banjur nglembara menyang ing papan-papan kang mluwa golek palereman, nanging sarehne ora oleh, nuli muni mangkene: Dakulihane tilas omahku.
25 Banjur bali, omahe ketemu wis disaponi resik lan tumata becik.
26 Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyane kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alane ngungkuli sakawit.”
27 Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana sawijining wong wadon saka ing satengahe wong akeh kang nguwuh marang Panjenengane, unjuke: “Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini Paduka saha payudara ingkang sampun Paduka sesep.”
28 Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”
29 Bareng wong akeh padha ngrubung Panjenengane, Gusti Yesus nuli ngandika: “Jinis iki ala, kok padha nyuwun pratandha, nanging ora bakal padha kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.
30 Sabab kayadene Nabi Yunus anggone dadi pratandha tumrap wong-wong ing kutha Niniwe, samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap jinis iki.
31 Besuk ing dinane pangadilan, ratu putri saka ing tanah Kidul bakal maju bareng karo jinis iki lan bakal ngukumi wong-wong iku. Amarga ratu iki rawuh saka ing pungkasaning bumi arep mirengake kawicaksanane Sang Prabu Suleman, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Sang Prabu Suleman.
32 Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”
33 “Ora ana wong nyumed damar kang banjur didekek ing longan utawa ditutupi ing tompo, nanging didekek ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu bisa ndeleng padhange.
34 Mripatmu iku dadi damaring badanmu. Manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan, nanging manawa mripatmu ora waras, badanmu dadi peteng.
35 Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.
36 Manawa badanmu sakojur padhang lan ora ana perangane kang peteng, mesthi kabeh dadi padhang, iya kaya yen kowe kena ing soroting damar.”
37 Bareng Gusti Yesus wis rampung anggone memulang, ana sawijining wong Farisi ngaturi dhahar ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lumebet sarta lenggah dhahar.
38 Wong Farisi mau bareng weruh dadi gumun, dene Gusti Yesus sadurunge dhahar kok ora wijik dhisik.
39 Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.
40 Heh, wong-wong bodho, Panjenengane kang nitahake jabane apa ora nitahake jerone?
41 Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.
42 Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.
43 Bilai kowe, heh, wong-wong Farisi, amarga kowe padha seneng linggih ing ngarep ana ing papan pangibadah lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar.
44 Bilai kowe, amarga kowe iku kayadene kuburan kang tanpa tenger; wong-wong kang lumaku ing sadhuwure ora weruh.”
45 Tumuli ana sawijine ahli Toret kang mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngremehaken golongan kula.”
46 Nanging Panjenengane banjur mangsuli, pangandikane: “Kowe iya padha bilai, heh, ahli-ahli Toret, amarga kowe padha ngemoti gegawan kang ora bisa kaangkat marang wong, nanging kowe dhewe ora nganti ndumuk gegawan iku kalawan drijimu siji bae.
47 Bilai kowe; amarga kowe padha mbangun pasareane para nabi, mangka leluhurmu dhewe kang nyedani.
48 Dadine kowe padha ngaku, yen kowe padha mbenerake pratingkahe leluhurmu, sabab iku padha nyedani para nabi mau, dene kowe padha mbangun pasareane.
49 Mulane kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalane iku ana saparo kang bakal dipateni lan kang dianiaya.
50 Supaya jinis iki katempuhna getihe sakehe para nabi kang wis kawutahake wiwit nalika bumi katitahake,
51 wiwit saka getihe Habel nganti getihe Zakharia, kang kapatenan ana ing antarane misbyah lan Padalemaning Allah. Malah Aku pitutur ing kowe: Jinis iki mesthi bakal katempuhake.
52 Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”
53 Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna,
54 apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane.