1 Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.
2 Pangandikane: “Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong.
3 Ing kutha kono ana randha kang pijer marani hakim mau lan matur: Kula mugi panjenengan rencangi anggen kula prakawisan kaliyan lawan kula.
4 Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,
5 mung bae sarehne randha iki tansah ngrubedi aku, prayogane dakolehne adil bae, supaya aja pijer teka lan wekasane aku diamuk.”
6 Gusti banjur ngandika: “Padha wigatekna apa kang dikandhakake dening hakim kang ambek sawenang-wenang iku!
7 Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?
8 Aku pitutur marang kowe: Panjenengane bakal enggal maringi adil. Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh, apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?”
9 Lan marang wong sawatara kang nganggep awake dhewe sampurna sarta ngremehake marang wong liya, Panjenengane paring pasemon mangkene:
10 “Ana wong loro padha mlebu ing Padaleman Suci arep ndedonga; kang siji wong Farisi, sijine juru-mupu-beya.
11 Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.
12 Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun.
13 Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.
14 Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”
15 Tumuli ana wong kang padha teka nyowanake anak-anake kang isih cilik marang ing ngarsane, supaya padha diasta. Sumurup kang mangkono iku para sakabate padha nepsu marang wong-wong mau.
16 Nanging banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta padha dipangandikani: “Cikben bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.
17 Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”
18 Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”
19 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.
20 Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”
21 Unjuke wong mau: “Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anem mila.”
22 Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”
23 Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih banget, amarga kaliwat sugihe.
24 Banjur dipandeng dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Pancen angel banget tumraping wong sugih dhuwit, bisane lumebu ing Kratoning Allah.
25 Amarga gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang karo wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”
26 Wong-wong kang pada krungu padha calathu: “Yen mangkono, sapa kang bisa oleh karahayon?”
27 Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”
28 Petrus munjuk: “Kawula punika smapun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.”
29 Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahe, bojone utawa sadulure, wong tuwane utawa anak-anake,
30 iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng.”
31 Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene: “Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.
32 Sabab Panjenengane bakal dipasrahake marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, dipoyoki, disiya-siya lan diidoni,
33 sarta disapu banjur disedani, lan ing telung dinane bakal wungu.”
34 Nanging para sakabat padha ora mangreti babar pisan bab iku kabeh; padha kasamaran sarta padha ora nyandhak marang isining pangandika mau.
35 Bareng tindake Gusti Yesus wis meh tekan ing kutha Yerikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis.
36 Nalika krungu wong akeh padha liwat, wong mau takon: “Apa iku?”
37 Ana wong kang mangsuli: “Gusti Yesus Nasarani langkung.”
38 Dheweke banjur nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti Yesus, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”
39 Wong-wong kang padha lumaku ing ngarep padha nyendhu wong mau, dikon meneng. Nanging panguwuhe malah saya seru: “Dhuh, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”
40 Gusti Yesus banjur kendel lan dhawuh nyowanake wong mau. Bareng wis ana ing ngarsane, Gusti Yesus ndangu:
41 “Karepmu dakkapakake?” Unjuke: “Dhuh, Gusti, kawula mugi sageda ningali.”
42 Gusti Yesus nuli ngandika marang dheweke: “Bisaa ndeleng! Pangandelmu kang mitulungi kowe.”
43 Sanalika iku uga wong mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah. Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Gusti Allah.