1 Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,
2 lan uga dening wong wadon sawatara kang wis padha kawarasake anggone kasurupan dhemit utawa anggone nandhang lelara warna-warna, yaiku Maryam kang karan Magdalena, kang wis katundhung dhemite pitu,
3 Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.
4 Nalika wong akeh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang saka ing kutha ngendi-endi, Gusti Yesus banjur ngandika kanthi pasemon:
5 “Ana juru nyebar metu nyebar wijine, saperangan tumiba ing pinggir dalan, banjur kapidak-pidak ing wong lan manuk-manuk ing awang-awang padha nucuki nganti entek.
6 Ana kang tumiba ing padhasan, lan bareng wis thukul banjur garing, amarga ora oleh bnayu.
7 Ana maneh kang tumiba ing satengahe thethukulan eri, banjur thukul bebarengan, temahan wijine mati kelindhih.
8 Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”
9 Para sakabate padha matur pitakon, apa tegese pasemon mau.
10 Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.
11 Dene pasemon mau tegese mangkene: Wiji iku pangandikaning Allah.
12 Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wis padha krungu, banjur diparani Iblis, pangandika mau tumuli diilangi saka ing sajroning atine, supaya aja padha pracaya lan kapitulungan rahayu.
13 Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.
14 Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.
15 Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”
16 “Ora ana wong nyumed diyan, kok banjur ditutupi ing wewadhah utawa didekek ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangake ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu ing omah padha bisa ndeleng padhange.
17 Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kasumurupan, ora ana wadi, kang ora bakal kaweruhan temahan kawiyak.
18 Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”
19 Gusti Yesus banjur dipurugi dening kang ibu lan sadherek-sadhereke, nanging marga saka akehe wong, ora bisa padha ketemu.
20 Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherek Paduka wonten ing jawi badhe kepanggih kaliyan Paduka.”
21 Nanging Panjenengane mangsuli, pangandikane: “IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni.”
22 Ing sawijining dina Gusti Yesus nitih prau kadherekake para sakabate, tumuli padha dipangandikani mangkene: “Ayo padha menyang ing sabranging sagara.” Banjur padha mangkat.
23 Nalika lagi padha lelayaran iku, Gusti Yesus kesaren. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, satemah praune kisenan banyu, mbebayani.
24 Para sakabat banjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke: “Guru, Guru, kawula sami katiwasan!” Panjenengane iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing sagara dadi anteng.
25 Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmu iku ana ing ngendi?” Kabeh padha wedi lan kaeraman, sarta padha sapocapan mangkene: “Sapa baya Panjenengane iku, dene nganti angin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”
26 Kacarita lakune wis tekan ing tanahe wong Gerasa, ing sabrange tanah Galilea.
27 Bareng Gusti Yesus wis minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsane, wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wis suwe anggone ora nganggo sandhangan lan ora saba ing omah, nanging mung ana ing pakuburan bae.
28 Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.”
29 Anggone matur mangkono iku amarga Gusti Yesus wis dhawuh supaya dhemite padha metu saka wong mau. Awit wong iku wis kerep dilarak-larak ing dhemit mau, mulane minangka panjagane banjur dirante lan diblenggu, nanging tumuli dibedhat, wonge nuli digiring dening dhemite menyang ing papan-papan kang sepi.
30 Gusti Yesus banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Legion,” awit dhemit kang nyurupi iku akeh.
31 Dhemit-dhemit iku nuli nyuwun marang Gusti Yesus, aja nganti didhawuhi lumebu ing juranging pati.
32 Kacarita ing kono ana babi kang akeh banget cacahe kang lagi padha mangan ana ing ereng-erenging gunung. Dhemit-dhemit mau banjur nyuwun, supaya diparengake lumebu ing babi-babi iku. Iku diparengake.
33 Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.
34 Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakake bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene.
35 Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon. Banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta padha nyumurupi wong kang wis ditinggal dening setan-setane mau linggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus, wis manganggo lan wis waras. Wasana padha wedi.
36 Wong-wong kang wis padha nyumurupi dhewe iku padha martani marang kang lagi padha teka iku, kapriye anggone wong kang kepanjingan dhemit iku kaluwaran.
37 Wasana kabeh wong ing laladane tanah Gerasa padha nyuwun marang Gusti Yesus, supaya karsaa linggar saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengane banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang.
38 Wong kang wus koncatan dhemit mau nyuwun supaya diparengna ndherek, nanging Gusti Yesus ndhawuhi lunga, pangandikane:
39 “Kowe muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabeh apa kang wis katandukake dening Allah marang kowe.” Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi Sakutha kabeh kalawan nyritakake apa kang wis katindakake dening Gusti Yesus tumrap ing awake.
40 Kacarita bareng Gusti Yesus wangsul, banjur dipethuk dening wong akeh, awit kabeh pancen padha ngenteni rawuhe.
41 Banjur ana wong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa rawuh ing omahe,
42 amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.
43 Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.
44 Iku banjur maju nyedhaki Gusti Yesus saka ing wingking lan ndemek gombyoking jubahe. Padha sanalika pampet anggone nggrajag getih.
45 Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”
46 Nangig Gusti Yesus ngandika: “Ana wong kang ndemek Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka ing Aku.”
47 Bareng wong wadon iku mau ngreti, yen kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsane apadene tumuli mratelakake marang wong akeh, apa sababe ndemek Panjenengane sarta anggone sanalika banjur waras.
48 Gusti Yesus nuli ngandika marang wong mau: “He, anakKu, pangandelmu kang wis mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”
49 Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana krabate kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”
50 Nanging Gusti Yesus mireng sarta banjur ngandika marang Yairus: “Aja wedi, kumandela bae, anakmu bakal slamet.”
51 Sarawuhe ing omahe Yairus, Gusti Yesus ora marengake wong siji-sijia ndherek mlebu Panjenengane, kajaba Petrus, Yokanan lan Yakobus tuwin bapakne sarta ibune bocahe.
52 Kabeh wong padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aja padha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”
53 Kabeh padha nggeguyu Panjenengane, amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.
54 Gusti Yesus banjur ngasta tangane kang mati sarta nguwuh, pangandikane: “He, ngger, tangia!”
55 Nyawane bocah mau tumuli bali lan sanalika iku uga bocahe tangi. Gusti Yesus banjur dhawuh menehi mangan.
56 Wong tuwane bocah mau padha kaeraman, nanging padha diwaleri, ora diparengake martak-martakake lelakon mau marang wong.