1 Para juru-mupu-beya lan wong dosa iku adate padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngrungokake piwulange.
2 Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”
3 Panjenengane banjur paring pasemon mangkene:
4 “Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti saketemune, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?
5 Lan manawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawan bungah
6 sarta satekane ing omahe, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone lan padha dikandhani: Ayo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku sing ilang wis ketemu.
7 Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”
8 “Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?
9 Lan manawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone sarta padha dicritani mangkene: Dhuwitku dirham sing ilang wis ketemu. Ayo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku.
10 Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”
11 Gusti Yesus ngandika maneh: “Ana wong duwe anak lanang loro.
12 Anak kang wuragil matur marang bapakne: “Bapak, keparenga kula nyuwun saperanganing barang darbek kita ingkang dados hak kula. Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke, diwenehake marang sakarone.
13 Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kekarepane.
14 Bareng wis entek kabeh, ing tanah kono ana pailan kang nggegirisi, dheweke banjur wiwit nandhang kakurangan.
15 Tumuli lunga lan nyambut-gawe ana ing wewengkoning sawijining wong ing tanah kono, banjur dikon angon babi-babine ana ing pategalane.
16 Nuli kepengin ngiseni wetenge kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem menehi.
17 Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.
18 Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,
19 kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih; keparenga namung dados satunggaling berahipun bapak kemawon.
20 Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.
21 Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.
22 Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.
23 Banjur njupuka pedhet sing lemu, belehen. Ayo padha mangan lan seneng-seneng.
24 Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.
25 Nanging anake pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wis cedhak karo omahe, krungu swaraning suling lan wong kang padha tetembangan jejogedan.
26 Banjur ngundang salah sawijining batur lan ditakoni, apa tegese iku kabeh.
27 Ature batur: Punika ingkang rayi rawuh, dene ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhet ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.
28 Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakne nuli metu lan ngrerepa.
29 Nanging diwangsuli mangkene: Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.
30 Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat pedhet leman kangge piyambakipun.
31 Bapakne calathu: Anakku, engger, kowe iku salawase nunggal karo aku, lan apa saduwekku iku duwekmu.
32 Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”