1 Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.
2 Nuli mirsa prau loro ana ing pinggir sagara, juru-amek-iwak wis padha mentas lagi ngumbah jalane.
3 Panjenengane banjur minggah ing salah sijine prau iku, yaiku praune Simon, lan dhawuh, supaya praune rada didohake saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akeh mau saka ing prau.
4 Bareng wis rampung, tumuli ngandika marang Simon: “Mancala menyang ing panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya oleh iwak.”
5 Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”
6 Sawise ditibakake, padha oleh iwak akeh banget, nganti jalane bedhah.
7 Kancane kang ana ing prau sijine padha diawe, dikon teka ngrewangi. Iya banjur padha teka, praune loro pisan diemoti, kebak nganti meh kerem.
8 Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”
9 Amarga Simon sakancane kabeh padha sumlengeren, dene samono akehe iwake sing kena.
10 Samono uga Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, kang padha dadi rewange Simon. Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.”
11 Sawise minggirake praune, banjur padha ninggal samubarang kabeh sarta ndherekake Gusti Yesus.
12 Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”
13 Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga lelarane budhug sirna.
14 Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”
15 Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.
16 Nanging Gusti Yesus banjur sumingkir menyang ing papan-papan kang sepi ndedonga.
17 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.
18 Banjur ana wong sawatara kang teka ngusung wong lumpuh ana ing paturone; iku padha mbudidaya bisane mlebu nyowanake marang ing ngarsane Gusti Yesus.
19 Sarehne ora bisa nggawa mlebu, marga saka akehing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunake sapaturone menyang ing satengahe wong akeh pas ana ing ngarsane Gusti Yesus.
20 Gusti Yesus bareng mirsa pangandele wong-wong mau, tumuli ngandika: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.”
21 Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”
22 Nanging Gusti Yesus ngungingani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?
23 Gampang endi dhawuh: dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua?
24 Nanging supaya kowe padha ngreti, yen Putraning Manungsa iku kuwasa ngapura dosa ana ing bumi,” banjur ngandika marang kang lumpuh iku: “DhawuhKu marang kowe: Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”
25 Sanalika iku uga wong mau banjur ngadeg ana ing ngarepe wong akeh mau, ngangkat paturone, tumuli mulih kalawan ngluhurake Gusti Allah.
26 Wong kabeh padha kaeraman lan padha ngluhurake Gusti Allah sarta padha wedi banget pangucape: “Dina iki aku kabeh wus padha nyumurupi barang-barang kang nggumunake banget.”
27 Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tindak. Nuli mirsa juru-mupu-beya linggih ana ing pabeyan, jenenge Lewi. Iku dipangandikane mangkene: “Melua aku!”
28 Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti Yesus.
29 Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.
30 Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”
31 Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.
32 TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”
33 Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”
34 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?
35 Nanging bakal ana wektune, pangantene kapethal saka ing antarane, ing kono banjur bakal padha pasa.”
36 Lan maneh Panjenengane iya paring pasemon marang wong-wong mau: “Ora ana wong golek tambalan kalawan nyuwek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek, tur tambalan kang anyar mau ora cocog karo kang lawas.
37 Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur kang anyar ana ing impes lawas, awit manawa mangkono, anggur anyar mau bakal mbedhahake impese, dadine anggure wutah, impese rusak.
38 Nanging anggur anyar iku kudu diwadhahi ing impes anyar uga.
39 Lan ora ana wong kang wis ngombe anggur lawas banjur kepengin ngombe anggur anyar, sabab banjur bakal ngucap: Anggur kang lawas iku enak banget.”