Lukas 14 JAV

Gusti nyarasake wong ing dina Sabat maneh

14:1-6

1 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.

2 Lah ing kono tumuli ana wong lara busung ngadeg ing ngarsane.

3 Gusti Yesus banjur ngandika marang para ahli Toret lan para wong Farisi mangkene: “Marasake wong ing dina Sabat iku kena apa ora?”

4 Kabeh padha meneng bae. Panjenengane banjur ngasta tangane wong kang lara mau lan diwarasake sarta didhawuhi lunga.

5 Sawise mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau: “Sapa panunggalanmu, kang anake utawa sapine kecemplung ing sumur, ora banjur enggal-enggal nulungi dientasake, sanadyan ing dina Sabat?”

6 Wong-wong mau ora ana kang bisa ngaturi wangsulan.

Bab lungguh ing ngarep dhewe utawa ing buri dhewe

14:7-11

7 Bareng Gusti Yesus mirsa dhayoh-dhayoh padha milih papan palinggihan ing ngarep dhewe, banjur padha dipangandikani pasemon mangkene:

8 “Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe,

9 supaya wong kang ngulemi kowe lan wong mau aja padha marani kowe lan calathu marang kowe: Kula aturi mingser, palenggahan punika kagem sadherek punika. Kowe banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhewe kalawan wirang.

10 Mulane, manawa kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe. Bokmanawa mengko sing duwe omah banjur marani lan calathu marang kowe: Sadherek, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ing ngarepane para dhayoh liyane kabeh.

11 Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.

Sapa kang wajib diulemi

14:12-14

12 Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.

13 Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.

14 Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”

Pasemon bab wong-wong kang padha ngaturake pawadan

14:15-24

15 Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”

16 Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Ana wong nganakake pista gedhen lan ngulemi wong akeh.

17 Bareng wis ndungkap wayahe bujana, bature dikongkon pratela marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipun sampun cumawis.

18 Nanging kabeh padha bebarengan nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkene: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhe ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.

19 Wong liyane matur mangkene: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhe kesah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten.

20 Wong liyane maneh matur: Kula saweg kemawon emah-emah, mila boten saged sowan.

21 Batur mau banjur mulih ngaturake iku kabeh marang lurahe. Kang duwe omah nepsu banget sarta calathu marang bature: Enggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurung kutha, wong mlarat, wong cacad, wong picak lan wong lumpuh padha iriden mrene.

22 Bature tumuli matur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengan sampun kalampahan, ewasamanten papanipun taksih tirah.

23 Lurahe banjur calathu marang bature: Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mrene, amarga omahku kudu kebak.

24 Awit aku pitutur marang kowe: Wong kang padha diulemi dhisik mau siji bae ora ana kang bakal ngrasakake suguhanku.”

Aja gumampang manjing dadi pandhereke Gusti Yesus

14:25-35

25 Kacarita Gusti Yesus banjur tindak kadherekake wong akeh gumrudug. Gusti tumuli minger ngandika marang wong-wong mau:

26 “Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.

27 Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku, iku ora bisa dadi siswaKu.

28 Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge.

29 Supaya manawa wis rampung pandhemene, mangka ora bisa mbacutake, sakehe wong kang weruh aja nganti padha moyoki

30 mangkene: Wong iku ngadani gegawean, nanging kok ora bisa ngrampungake!

31 Utawa, ratu ngendi sing arep andon perang mungsuh ratu liyane, kok ora lenggah dhisik prelu nggalih-nggalih, apa wadyabala saleksa iku cukup kanggo nglawan mungsuh kang nekani kalawan nggawa bala rong leksa?

32 Manawa ora, mesthi banjur utusan, mumpung mungsuh iku isih adoh, prelu nakokake prajanjian-prajanjiane bedhamen.

33 Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbeke kabeh, iku ora bisa dadi siswaKu.

34 Uyah iku pancen apik, nanging manawa uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake rasane?

35 Wis ora ana gunane, kanggoa tegal utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang bae. Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24