1 Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.
2 Kabeh padha dipangandikani: “Panene pancen gedhe, nanging sing derep mung sathithik. Mulane padha nyenyuwuna marang kang Kagungan panen, supaya karsaa ngintunake wong-wong kang derep ing panenan.
3 Padha mangkata, lah kowe padha Dakutus kayadene cempe menyang ing satengahe asu ajag.
4 Aja padha nggawa kanthong utawa cangklong tuwin trumpah sarta sajrone ana ing dalan iku aja uluk salam karo sapa bae.
5 Manawa kowe lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkene dhisik: Tentrem rahayu mugi wontena ing dalem ngriki.
6 Anadene manawa ing kono ana anaking tentrem rahayu, ulukmu salam bakal lestari ana ing kono. Manawa ora ana, ulukmu salam bakal bali marang kowe.
7 Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.
8 Lan manawa kowe lumebu ing sawijining kutha sarta ditampani ana ing kono, mangana apa kang disuguhake marang kowe,
9 wong kang padha lara ing kono padha warasna, apamaneh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhaki kowe.
10 Nanging manawa kowe lumebu ing sawijining kutha mangka kowe ora ditampani, lungaa menyang ing dalan-dalan gedhe ing kutha iku sarta nguwuha mangkene:
11 Dalasan bleduging kuthamu kang tumempel ing sikilku dakketabake ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wis cedhak.
12 Aku pitutur marang kowe: Ing dina iku Sodom bakal luwih entheng tanggungane katimbang karo kutha iku.”
13 “Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowe kutha Betsaida! Amarga saupama ing kutha Tirus lan ing kutha Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.
14 Nanging besuk ing dinane pangadilan tanggungane Tirus lan Sidon bakal luwih entheng katimbang karo kowe!
15 Apadene kowe kutha Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal ambles tumeka ing teleng palimengan.
16 Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”
17 Kacarita sakabat pitung puluh mau padha bali kanthi bungah sarta padha munjuk: “Gusti, dalasan para dhemit sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Paduka.”
18 Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlereting kilat.
19 Lah kowe wis padha Dakparingi panguwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin nahan kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowe.
20 Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”
21 Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, dene prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.
22 Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”
23 Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.
24 Amarga Aku pitutur marang kowe: Akeh nabi lan ratu kang kepengin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon, sarta kang kepengin ngrungokake apa kang kokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”
25 Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”
26 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisan ing Toret kapriye? Apa kang kokwaca ing kono?”
27 Atur wangsulane wong iku: “Kowe tresnaa marang Pangeran, Allahmu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan sakabehing kakuwatanmu apadene kalawan gumolonging budimu. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.”
28 Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowe bakal urip.”
29 Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”
30 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana wong lumaku mudhun saka ing kutha Yerusalem menyang ing kutha Yerikho; iku tumiba ing tanganing begal, banjur ora mung diblejedi bae, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.
31 Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, terus lumaku bae, metu ing sabrange dalan.
32 Mangkono uga wong Lewi, kang satekane ing kono lan weruh wong mau iya mung liwat bae, metu ing sabrange dalan.
33 Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.
34 Wong mau banjur diparani, tatu-tatune diperban, sawise mangkono nuli dikopoh lenga lan anggur, banjur ditunggangake ing kuldine digawa menyang ing panginepan sarta dirukti.
35 Esuke kang duwe panginepan diwenehi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika kula aturi mulasara, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhe nglintoni, benjing manawi kula wangsul.
36 Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi sing dadi pepadhane wong sing dibegal mau?”
37 Atur wangsulane: “Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika.” Pangandikanae Gusti Yesus: “Wis mundura, lan nglakonana mangkono uga!”
38 Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.
39 Wong iku duwe sadulur wadon jenenge Maryam, iku linggih cedhak ing sampeyane Gusti lan tansah ngrungokake pangandikane,
40 dene Marta ribut banget anggone leladi, mulane banjur marek sarta munjuk: “Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadherek kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngrencangi kawula.”
41 Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, kowe iku nyumelangake lan nggrantesake prakara akeh,
42 mangka kang prelu iku mung siji: Maryam wis milih panduman kang becik dhewe, kang ora bakal kajupuk saka ing dheweke.”