1 Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.
2 Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.”
3 Sang Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus: “Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan piyambak sampun mastani.”
4 Sang Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akeh iku: “Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputane.”
5 Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.”
6 Bareng midhanget atur mangkono iku Sang Pilatus banjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea.
7 Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.
8 Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa Gusti Yesus, banget renane, amarga wis suwe anggone kapengin mirsa, awit wis kerep mireng bab Panjenengane, apadene ngajeng-ajeng nguningani anggone nganakake pratandha.
9 Akeh kang didangokake marang Gusti Yesus, nanging Panjenengane ora paring wangsulan sathithik-thithika.
10 Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Toret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot.
11 Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.
12 Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karo Sang Pilatus banjur padha memitran, awit maune padha sesatron.
13 Sang Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhe sarta wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk,
14 nuli padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha ngladekake Wong iki marang aku kokdakwa gawe balelaning rakyat. Kowe padha sumurup dhewe, yen wis dakpriksa, nanging mungguh ing aku bab kang kokgugatake kabeh tumrap Wong iku ora tinemu ana ing Dheweke.
15 Dalasan Sang Nata Herodhes iya ora, sabab Wong iku banjur dibalekake mrene. Satemene apa kang ditindakake iku ora ana kang katrap ing paukuman pati.
16 Mulane mung bakal dakajar, banjur dakluwari.” (
17 Sabab Panjenengane ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau.)
18 Nanging wong kabeh mau tumuli padha nguwuh-uwuh bebarengan: “Kasirnakna Tiyang punika! Barabas kaluwarana!”
19 Barabas iku kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan ing sajroning kutha lan gawe pepati.
20 Sang Pilatus ngandikani maneh marang wong-wong mau, karsane ngluwari Gusti Yesus.
21 Nanging wong-wongl padha mangsuli kanthi keras uga panguwuhe: “Kasaliba, kasaliba!”
22 Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.”
23 nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku.
24 Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake.
25 Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjarang marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karpe.
26 Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus.
27 Sarta ana wong akeh kang padha ndherekake Panjenengane, akeh wong wadon panunggalane iku kang padha ngadhuh-adhuh lan nangisi Panjenengane.
28 Gusti Yesus nuli minger mirsani wong-wong mau lan ngandika: “He anak-anake wadon Yerusalem, aja padha nangisi Aku, awakmu dhewe bae lan anak-anakmu padha tangisana!
29 Amarga sumurupa, bakal tumeka ing wektune wong padha duwe pangucap mangkene: Rahayu wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairake anak, sarta susu kang ora tau nusoni.
30 Wong-wong banjur bakal padha calathu marang gunung-gunung: Aku jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku urugana!
31 Amarga manawa kaya mangkene iki panggawene wong marang kayu kang urip, saya maneh kang garing bakal dikapakake?”
32 Ana durjana loro kang uga padha kairid kang bakal diukum pati bebarengan karo Panjenengane.
33 Satekane ing panggonan kang aran Pacumplungan, Gusti Yesus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Gusti Yesus.
34 Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.
35 Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!”
36 Mangkono uga para prajurit iya padha memoyoki Panjenengane lan padha nyaosi anggur kecut
37 karo ngucap: “Manawa Kowe ratune wong Yahudi, mara tulungana Awakmu dhewe!”
38 Ing sadhuwure mustakane ana tulisan, kang unine mangkene: “Iki ratune wong Yahudi.”
39 Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus, pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.”
40 Nanging sing siji banjur nyaruwe dheweke, ujare: “Apa kowe ora wedi, uga ora wedi marang Gusti Allah, mangka kowe tampa paukuman padha?
41 Aku lan kowe iku pancen wis sabenere diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawe kita, bareng Panjenengane iki ora nindakake kaluputan apa-apa.”
42 Banjur munjuk: “Dhuh Gusti Yesus, mugi Paduka karsaa ngengeti dhateng kawula, manawi Paduka rawuh ing Kraton Paduka.”
43 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.”
44 Bareng watara jam rolas, banjur ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh, nganti jam telu
45 amarga srengenge ora sumorot. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwek ing tengah dadi loro.
46 Gusti Yesus banjur nguwuh kalawan swara sora: “Dhuh Rama, Kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka.” Sawise matur mangkono banjur masrahake nyawane.
47 Nalika panggedhening prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Nyata, yen Wong iki tanpa kaluputan.”
48 Sakehe wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wis nyumurupi apa kang kalakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha.
49 Sakabehe wong kang wis wanuh marang Gusti Yesus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndherekake Panjenengane saka ing tanah Galilea, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabeh.
50 Ana wong kang jenenge Yusuf, warganing Pradata Agung, wong kang becik lan mursid.
51 Iku ora melu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata, asale saka ing Arimatea, sawijining kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah.
52 Iku seba ing ngarsane Sang Pilatus, nyuwun layone Gusti Yesus.
53 Sawise layon diandhapake, banjur diulesi mori alus, sarta disarekake ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, tuwin kang durung tau kanggo.
54 Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepake Sabat.
55 Apamaneh wong-wong wadon kang wis ndherekake Gusti Yesus saka ing tanah Galilea, iku iya padha melu ngiringake sarta maspadakake pasarean mau lan patrap anggone nyarekake layone.
56 Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.