24 Kacarita ora let suwe Elisabet, bojone nuli ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu-metu, pangucape:
25 “Ya iki pandamele Pangeran marang aku anggone karsa ngluwari aku saka ing kawiranganku ana ing ngareping wong.”
26 Bareng wis nem sasine Gusti Allah ngutus malaekat Gabriel menyang ing sawijining kutha ing tanah Galilea kang aran Nasaret,
27 manggihi prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhake Sang Prabu Dawud. Prawan mau jenenge Maryam.
28 Nalika malaekat mau lumebu ing omahe Maryam, banjur ngandika: “Bagea, kowe kang kinasihan, Pangeran tansah nganthi marang kowe.”
29 Krungu pangandika mangkono iku Maryam kaget, lan nggagas, apa tegese iku.
30 Malaekat nuli ngandika: “Aja wedi, Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangeran.