46 Maryam banjur ngucap mangkene:“Nyawaku ngluhurake Pangeran
47 lan aku bungah marga saka Allah, Juruslametku.
48 Sabab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine.Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngaran aku rahayu,
49 jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmane.
50 Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.
51 Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.
52 Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngumurake wong kang asor.