58 Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.
59 Ing wolang dinane wong-wong mau padha teka njenengi, anggone bayine bakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakharia manut jenenge bapakne.
60 Nanging ibune calathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”
61 Pangucape wong akeh mau: “Sanak-sanakmu ora ana sing jenenge mangkono.”
62 Banjur padha takon marang bapakne kanthi sasmita, bakal dijenengake sapa.
63 Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kudu Yokanan.” Wong kabeh padha gumun.
64 Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.