65 Para tangga-teparone padha ketaman ing wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadi rerasanane wong-wong ing pagunungan Yudea kabeh.
66 Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.
67 Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:
68 “Pinujia Pangeran, Allahe Israel,sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.
69 Panjenengane nukulake sunguning karahayonkanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,
70 -- kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci --
71 supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.