1 Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.
2 Ora ana barang kang katutupan kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kasidhem kang ora bakal kaweruhan.
3 Mulane apa kang kokkandhakake ana ing petengan iku bakal kaprungu ana ing padhangan, sarta apa kang kokkandhakake kalawan bisik-bisik ana ing kamar, iku bakal kawartakake saka ing payon.
4 Aku pitutur marang kowe, heh, mitra-mitraKu, aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni badan, nanging sawise mangkono ora bisa apa-apa maneh.
5 Kowe padha Daktuduhi, sapa kang kudu kokwedeni. Padha wedia marang Panjenengane, kang sawise mateni iya kawasa nyemplungake wong menyang ing naraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe: Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni.