16 Sawise mangkono banjur padha dipangandikani kalawan pasemon mangkene: “Ana sawijining wong sugih, pametuning palemahane akeh banget.
17 Banjur mikir: Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggon kanggo nyimpen pametu samono akehe iku.
18 Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae: lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjur gawe sing luwih gedhe, kabeh gandumku lan barang-darbekku daksimpene ana ing kono.
19 Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.
20 Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?
21 Iya kaya mangkono iku kadadeane wong kang nglumpukake bandha kanggo awake dhewe, mangka ora duwe kasugihan ana ing ngarsaning Allah.”
22 Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.