41 Petrus banjur munjuk: “Gusti, ingkang Paduka karsakaken kanthi pasemon punika punapa kawula sakanca, punapa inggih dhateng tiyang sadaya?”
42 Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?
43 Begja abdi kang ketemu nindakake kawajibane nalika bendarane rawuh.
44 Aku pitutur marang kowe: Satemene bendarane mau mesthi bakal ngangkat dheweke dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang sabarang kagungane bendarane kabeh.
45 Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,
46 samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.
47 Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.