46 samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.
47 Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.
48 Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”
49 “TekaKu iki nibakake geni ing bumi lan apa kang Dakkarepake, manawa wis murub?
50 Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!
51 Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah.
52 Amarga wiwit saiki wong lima kang tunggal saomah bakal crah, kang telu karo kang loro, kang loro karo kang telu.