50 Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!
51 Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah.
52 Amarga wiwit saiki wong lima kang tunggal saomah bakal crah, kang telu karo kang loro, kang loro karo kang telu.
53 Kabeh bakal padha crah, bapa karo anake lanang, lan anak lanang karo bapakne, embok karo anake wadon, lan anak wadon karo embokne, embok maratuwa karo mantune wadon, lan mantu wadon karo embokne maratuwa.”
54 Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang wong akeh: “Manawa kowe padha weruh mendhung jumedhul ing sisih kulon, kowe banjur bisa kandha: Arep udan, lan tumuli iya kalakon mangkono.
55 Sarta manawa kowe weruh angin saka kidul, kowe banjur kandha: Mengko bakal panas gumemplang, lan iku iya tumuli kalakon mangkono.
56 Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?